Selasa, 25 Februari 2014

Cerita Lucu Bahasa Jawa


Cerita Lucu Bahasa jawa

Sate Gule
Joyo     : Apa bedhane sate karo gule, To ?
Karto   : Bedhane yen gule iku ono duduhe,yen sate daginge di bakar .
Joyo     : ya salah,during bener.
Karto   : lha seng bener kepriye ?
Joyo     : yen sate kuwi neng kali utawa sumur,yen gule iku ing lapangan utawa alun-alun sing nalika sepak bola
Karto   : semprul ora ngalih-ngalih.

Wong mati 1
Priyadi             : yen kowe nyata unggul kawruhmu,kowe gelem tak bedheki Pur.
Purwanto         : yen perkara bedhekan iku pakananku,coba jajalen aku.
Priyadi             : sing digawa wong mati iki apa lan sing digegem wong mati ki apa ?       
Purwanto         : sing digawa wong mati ki ya ngamal shodaqohe,sing digegem wong mati ki ya   agamane.
Priyadi             : iku jawaban kuna.
Purwanto         : lho trus jawabane sing bener apa,aku kandhani.
Priyadi             : sing digawa wong trus mati iku lilin murub digawa wong mati merga diterak angin. Sing digegem wong trus mati iku jangkrik utawa walang merga bareng digegem jangkrike trus mlethet.
Purwanto         : ooooo…tiwas mikir,pancen ya bener nanging benermu dhewe.


Wong mati 2
Mbak tri          : Nung kowe tak takoni bab wong mati gelem.
Nunung            : gelem watone ora angel.
Mbag tri          : ora kok bab lumrah.
Nunung            : wis gage ndang takoni aku.
Mbak tri          : kena apa wong mati kok didusi ?
Nunung            : ya merga ora bias ados dhewe.
Mbak tri          : lho iku jawaban lumrahe,wong aku takon kena apa …
Nunung            : lha jawabane apa ?
Mbak tri          : rehning takone kena apa…
                         mula jawabane didusi amarga kena sabun.
Nunung            : pancen yen ora kena sabun ya cukup dikosoki.

Tidak ada komentar :

Posting Komentar